Minggu, 28 Oktober 2012

Sesorah Basa Jawi


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته


            Dhumateng juru pambiji ingkang dahat kinurmatan.
            Dhumateng rencang-rencang ingkang tansah kula tresnani.
            Mangga sesarengan kita tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring kanugrahan rahmat, taufiq, saha hidayahipun. Katitik ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya tasih pinaringan kasugengan lan karaharjan sahingga saged pinanggih wonten ing punika majelis kanthi mboten wonten halangan satunggal punapa.
            Sholawat saha  salam mugiyo tansah katur kunjuk  dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. Nabi ingkang sampun ngasta kita saking zaman jahilliyah dumugi zaman Islamiyah.Lan mugi-mugi kita dados umatipun ingkang pikantuk syafa’atipun benjing wonten ing yaumul qiyamah.Amiin....
Saderengipun kulo matur, kepareng kulo gempil kamardikan ngabdiantara wonten ngarsa jengandika deg surotilar ing tata krami nerak ing subosita miwahing tatanan negari sawetawis kula badhe ngaturaken  pangriptaning basa Jawi wonten ing zaman globalisasi.
            Para rawuh ingkang sinudarsana...
            Globalisasi punika satunggalipun istilah ingkang anggadhai sesambetan kaliyan kemajengan silih gandeng lan silih gumantung antarbangsa lan antar manungsa ing saindenging dunya saha kemajengan teknologi. Saged dipun tingali wonten ing masyarakat kita selaku pribumi tanah Jawi sampun awis sanget ingkang migunaaken basa kita piyambak, inggih punika basa Jawi. Dipun tuladhaaken wonten ing zaman sakniki katah tiyang sepuh anggenipun nggulawentah putra-putrinipun punika sampun ngangge basa ingkang langkung gampil anggenipun menggalih katimbang ngangge basa Jawi. Sejatosipun basa Jawi punika minangka tanda-tandaipun basa ingkang asli tanah Jawi. Kejawi saking punika basa Jawi ugi basa ingkang kebak tata krami , tepa tuladha, adhap ashor ingkang mengkuh tatanan ukara kagem mbentenaken antawisipun pacelathon tiyang ingkang tasih enem kaliyan tiyang ingkang sepuh.
            Para rawuh ingkang tansah kulo hormati..
            Sinten malih ingkang kedah cantut taliwanda anggigah tiyang Jawi  ing  wekdal punika kesengsem dhumateng basa sanes lan salajengipun   anggilut basa kita piyambak,kejawi  kula lan panjenengan sedaya. Jejibahan punika pancen awrat katingalipun, ananging menawi saestu katindakaken kanthi estining manah sayektos badhe wonten uwohipun. Lan uwoh kalawau ingkang kita idham-idhamaken sageda mekar lan tumangkaripun basa Jawi ingkang  anggadhai greget lan kapitadosan ingkang tumemen  lan basa  Jawi mboten kasingsal menawi katandingaken kaliyan basa sanes.
Para rawuh ingkang tansah kulo hormati
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi sinaosa namung sekedhik wonten manfa’atipun, menawi leres mliginipun saking ngarsa dalem Alloh SWT. Dene lepatipun  saking kekirangan kula piyambak. Mbok bilih anggenipun kula matur, purwa madya wusana katah cicir cuwed kuciwaning basa miwah ukara, kula nyadong tumetesing samudra bena pangaksama.Ing wasana minangka  panutuping atur..
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته



Tidak ada komentar:

Posting Komentar